Senin, 31 Januari 2011

Tari Beskalan

.

Tari Beskalan Putri iki asliné saka Malang. Tarian iki wiwit diweruhi watara taun 1930an, nalika asal ukarané saka "Bakalan". Penandhaké biyèn wong lanang sing diarupaaké kaya wong wadon.
Tarian iki egol-egolé padha karo Tari Ngremo, nanging luwih alus, lan klambiné uga luwih ngwadoni.
Ciri-ciriné yaiku :

  • Nganggo sanggul lan cundhuk menthul kaya penari Gambyong
  • Nganggo kemben lan ilat-ilatan karo kalung sing dadi pemanisé.
  • Nganggo clana modhèl Topèng Malangan
  • Nganggo kaos kaki putih karo gongseng
  • Nganggo sampur sing disampiraké ing pundhak.
Tarian iki fungsiné uga padha, yaiku dadi pambukaning seni Ludruk, utamané ing Malang. Nanging saiki ya dadi tarian panyambut tamu kanggo wong-wong manca sing sowan ning Malang.

0 comments

:a: :b: :c: :d: :e: :f: :g: :h: :i: :j: :k: :l: :m: :n:

Posting Komentar

 
Usagi Sailor Moon - Link Select

MakaChi iaAH Wat Cmua'y iank uwdh liat bLoG Quw...